PANTUN JOWO
Wajik kletik
gulane jowo,
wulune sitik
barange dowo
(sikat botol)
Pitik walik
nguntal watu,
wes nganggo gaya molak-malik
kok ora metu-metu
(ngutik celengan)
Sego gurih
lawuhe sate usus,
pertamane perih
maringono bludhas-bludhus
(tindik kuping)
Becik ketitik
olo rupamu,
digoyang sitik
ben cepet metu
(ngundi arisan)
Kutho Temanggung
udane deres,
nduwur diambung
kok ngisore teles
(nggendong bayi ngompol)
Kue putu
diwadahi piring,
nek ra metu metu
jajal karo miring
(kuping kelebon banyu)
Awak kurus
dikiro mlarat,
dikocok terus
soyo suwe muncrat
(coca-cola)
Ono marmut
lungguh nang dingklik,
rampung dimut
kok dadi cilik
(permen)
Komentar
Posting Komentar