Renungan
*KENAPA WONG JOWO NEK LEBARAN KUDU PULANG KAMPUNG HALAMAN ?*
LAYANG KANGGO ANAK-ANAKKU
Nggerr..... anakku
Bakda iki kowe mulih ya....
Aku karo bapakmu wis suwe kangen...
Nggerr ...... anakku
Putuku saiki wis isa ngapa?...
Wingi kowe ngirim potone liwat hapene tangga mburi omah...
Lemu ya...
Pipine kaya bakpau..
Cilikanmu kae ya kaya kuwi...
Aku pengin nggendhong anakmu Nggerr
Pengin tak ajak mlaku neng dalan ndesa...
Ben wong ngerti, anak putuku ya mulih...
Ben wong ngerti yen anakku ora mung ngirim duwit thok, ning gelem niliki wong tuwane...
Senadyan keadaane ya mung kaya ngene
Nggerr..... anakku
Kowe suk bakda mulih-o...
Tak dolke wedhus nggo sangu kowe yen balik neng perantauanmu...
Gedhang satundun neng mburi omah kena nggo gawe kolak suk bakda...
Nggerr..... anakku
Aku pengin masakke kupat kowe...
Mbelih pitik nggo putuku...
Bakda rong tahun iki, aku mung isa nyawang kupat neng meja Nggerr...
Mung tangga-tangga cedhak sing gelem ngicipi...
Aku ya arep nggoreng rengginang senenganmu
Nggerr..... anakku
Aku pengin dolanan neng latar karo anakmu sing gedhe...
Jagongan karo kowe neng emper omah...
Jagongan karo mantuku...
Mung pengin ngomong karo mantuku, matur nuwun wis njaga anakku, ngopeni putuku...
Nggerr..... anakku
Kangen tarwih karo kowe...
Mbiyen, pas kowe cilik, dak gendhong mangkat nyang masjid...
Kowe seneng nek entuk jaburan criping...
Bagiyanku dak wenehke kowe karo adhimu...
Nggerr...... anakku
Malem takbiran, aku pengin nguripke oncor neng ngarep omah karo kowe...
Ndelok putu-putuku nguripke kembang api karo gegojegan...
Nggerr.... anakku
Bakda mulih ya...
Sadurunge Gusti Kang Murbeng Dumadi mundhut wong tuwamu iki...
Nggerr.... anakku
Mulih ya....
😭😭😭😭😭
*_terjawab sudah, kenapa lebaran harus pulang kampung....._*
*MUDIK MEMANG TRADISI, TAPI SOWAN BAPAK & IBU TENTU KEWAJIBAN & KEBUTUHAN.*
*KARENA DI SITU ADA PINTU SURGA.*
Komentar
Posting Komentar